SELAMAT DATANG DI BLOG " PAK HAMID " TEMPEL KEDUNGDOWO Nur Hamid, S.Pd.I (pak hamid) : khutbah boso jowo idul fitri

Minggu, 18 Oktober 2015

khutbah boso jowo idul fitri

KHUTBAH IDUL FITRI
Oleh Bapak Nur Hamid, S.Pd.I

اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَڪَاتُهُ

اَللّٰهُ اَڪْبَرُ,  اَللّٰهُ اَڪْبَرُ,  اَللّٰهُ اَڪْبَرُ ×9,  اَللّٰهُ اَڪْبَرُ ڪَبِيْرًا, وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ڪَثِيْرًا, وَسُبْحَانَ اللّٰهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً, لآ اِلٰهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَاللّٰهُ اَڪْبَرُ, اَللّٰهُ اَڪْبَرُ, وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ ×٢, الَّذِىْ تَفَرَّدَ بِالْعِزِّ وَالْجَلاَلِ, وَتَوَجَّهَ بِالْكِبْرِيَاءِ وَالْكَمَالِ, اَشْهَدُ اَنْ لآ اِلٰهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَلاَ نَفَاذَ لِحُكْمِهٖ وَلاَ زَوَالِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ, اَلَّذِىْ اَكْرَمَهُ بِاَشْرَفِ الْخِصَالِ, اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ اٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ بِالْغُدُوِّ والاٰصَالِ, قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَلاَ تَفَرَّقُوْا, وَاذْكُرُوْا  نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْكُنْتُمْ اَعْدَاءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖ اِخْوَانًا, اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهْ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهَ فَقَدْ فَازَا الْمُتَّقُوْنَ{}

Ma’asyirol muslimin wal muslimat rochimakumullah,
Alhamdulillah, kito saget kepanggih wonten ing enjang meniko wonten ing masjid Nurul Iman ingkang penuh berkah lan dipun penuhi rahos pasederekan ugi kekhusyukan. Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah SWT. Langkung rumiyin kawula aturaken:
جَعَلَنَا اللّٰهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ. كُلُّ عَامٍ وَاَنْتُمْ بِخَيْرٍ. اَللّٰهُمَّ جْعَلْنَا بِالسَّعَادَةِ وَالْمَغْفِرَةِ. اٰمِينْ
Pramilo, monggo! wonten wekdal ingkang bahagia menika kito sami-sami ningkatakaten anggen kito taqwa dateng Allah SWT kanti nebihi sedoyo awisan-awisanipun senahoso sak meniko kito boten wonten ing dalem wulan romadlon. Ugi kita tingkataken ketaatan nglampahi perintah-perintahipun Allah kanti rahosipun manah ingkang ikhlas. Pakulinan sholat berjama’ah lan makmuraken masjid wonten ingdalem wulan romadlon monggo kito lajengaken, kito dadosaken kebiasaan ingkang sae. Sak terasipun, kito minongko tiyang Islam dipun dawuhi supados dados tiyang Islam ingkang sae. Tiyang Islam ingkang sae inggih punika ingkang ndadosaken wucalan Islam minangka cecepengan lan tuntunan gesangipun. Punopo ingkang dipun wucalaken Islam, punika ingkang dipun amalaken. Dipun ngendikaaken gampil nanging angel sanget praktekipun. Milo, sakyektosipun, supados setunggaling tiyang saged dados tiyang Islam ingkang sae, tiyang wau kedah biasaaken nglampahi punopo ingkang kedah dipun lampahi. Kanti puniko, punopo ingkang dipun wucalaken Islam kedah kita lampahi, mangkenipun dados kebiasaan kito, kito lampahi, ngantos upaminipun wonten setunggal perkawis kemawon wucalan Islam  ingkang dereng kito lampahi, kita ngraos kados taksih gadah utang, manah dereng plong.

Allahu Akbar x3 Walillahil Hamd.
Kedah panjenengan mangertosi bileh dinten meniko dinten pembebasan. Saben-saben tiyang islam bakal wangsul saking panggenan sholatipun kanti betho kabejan, amargi angsal ridlo lan pangapuro saking Gusti Allah swt. Dipun riwayataken saking sahabat Ibnu Abbas r.a Rosulullah saw dawuh:

فَاِذَا كَانَتْ غَدَاةَ الْفِطْرِ بَعَثَ اللّٰهُ الْمَلاَئِكَةَ فِى كُلِّ بِلاَدٍ, فَيُهْبِطُوْنَ اِلَى الْاَرْضِ فَيَقُوْمُوْنَ عَلَى اَفْوَاهِ السَّكَكِ, يُنَادُوْنَ بِصَوْتٍ يَسْمَعُهُ جَمِيْعُ مَنْ خَلَقَ اللّٰهُ اِلاَّ الْجِنَّ وَالْاِنْسَ, يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اُخْرُجُوْا اِلَى رَبِّ كَرِيْمٍ, يُعْطِيْ الْجَزِيْلَ وَيَغْفِرُ الذَّنْبَ الْعَظِيْمَ.
Artosipun: “Naliko teko esuke dino riyoyo, mongko Gusti Allah ngutus poro malaikat ing saben-saben penjajahan, banjur malaikat mau podo temurun marang bumi lan manggon ing lorong-lorong kota sarono undang-undang, “He poro umate Nabi Muhammad, metuho siro kabeh marang pangeran siro kabeh! Gusti Allah bakal maringi siro kabeh ganjaran kang agung lan ngapuro doso siro kang gede”.
Lan naliko umat islam medal marang panggenan sholat, mongko Gusti Allah dawuh marang poro malaikat:
يَامَلاَئِكَتِيْ, مَا جَزَاءُ الْاَجِيْرِ اِذَا عَمِلَ عَمَلَهُ؟
Artosipun: “He poro malaikat ingsun, balesan opo kang pantes kanggo buruh kang wes nyampurnaaken penggaweane?
Poro malaikat jawab:
اِلٰهَنَا وَسَيِّدَنَا, جَزَاؤُهُ تُوَفِّيَهُ اَجْرَهُ
Artosipun: “Duh Pengeran kawulo, walesan tiyang kolo wau inggih puniko Panjenengan paringi ganjaran?
Banjur Gusti Allah Dawuh:
اُشْهِدُكُمْ اَنِّيْ قَدْ جَعَلْتُ ثَوَابَهُمْ مِنْ صِيَامِهِمْ وَقِيَامِهِمْ رِضَايَ وَمَغْفِرَتِيْ
Artosipun: “Ingsun sekseaken marang siro kabeh yen saktemene Ingsun dadeakaen ganjaran poso lan sholate wong-wong mau ridlo lan pengapuro Ingsun” (HR. Al-Baihaqi)
Sebagian ulama ngendiko, “Wong-wong kang bali saking panggonan sholat koyo bocah kang nembe lahir saking rahim ibune.” Artosipun, bersih saking pinten-pinten doso.

Hadirin-hadirot jamaah sholat ‘id rochimakumullah,
Dinten puniko dinten riyoyo idul fitri. Fitri artosipun secara bahasa meniko buko, minongko tandane wes rampung anggene nglampahi poso romadlon. Kanti rahmat lan taufiqipun Allah, kito sedoyo saget ngrampungaken kewajiban poso kang kelebu rukun Islam kang werno limo. Saklebetipun poso kito saget nyingkirake hawa nafsu saking mangan, ngombe lan liya-liyane, mulo kelawan tumibane idul fitri meniko kito kerahos pikantuk kemenangan koyo dene prajurit kang nembe kondur saking medan perang kelawan mbekto kemenangan kang gilang-gumilang. Saktemene nggih pancen kados mekaten, nglawan hawa nafsu niku dumunung sawijine jihad, sawijine perjuangan kang gede. Rosululloh saw naliko kondur saking peperangan nglawan musuh kaum kafir lan wong-wong musyrik ing medan perang, Panjenenganipun  banjur ngendika:

رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَڪْبَرِ جِهَادِ النَّفْسِ
Artosipun: Kito kabeh pada bali songko jihad kang cilik (nglawan musuh) nuju ngadepi jihad kang luwih gede, yaiku Jihad (nglawan) Nafsu”.
Katah banget poro menungso kang ngaku beragami islam, nanging sholat mboten nate ngelakoni, poso ugi mboten. Anehe yen riyoyo idul fitri sampun dumugi, yo melu bungah-bungah lan melu seneng-seneng, sarung, celono, baju sarwo anyar lan liya-liyane. Polah tingkahipun menungso-menungso wau koyo-koyo poro pahlawan ingkang nembe wangsul sangking medan perang, nanging saktemene rupane musuh mawon mboten sami weruh, nopo malih mateni lan natoni musuh. Banget olehe mboten gadahi rahos isin wongkang kados mekaten niku, ngakunipun pahlawan perang, nyatane mung pahlawan jajan lan jenang.  Nyambut riyoyo idul fitri kanti bingah niku pareng kemawon, nanging sak madya mawon. Ono sawijine ulama islam, arane Abu Yazid, ngucap mangkene :

لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدُ ۞ وَلٰكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ تَقْوَاهُ تَزِيْدُ
Artosipun: “Riyoyo iku dudu kanggo wongkang nyandang anyar, nanging riyoyo iku kanggone wongkang takwane marang Alloh biso tambah.

وَلَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ تَجَمَّلَ بِالْمَرْكُوْبِ ۞ وَلٰكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ غُفِرَتْ لَهُ الذُّنُوْبُ
Artosipun: “Riyoyo iku bukane kanggo wongkang dandan lan numpak kendaraan, nanging riyoyo iku kanggone wongkang dosane pikantok ampunan.
Dados sampun jelas menawi wongkang naliko nyambut dino riyoyo mung kelawan seneng-seneng niku namung nuruti kekarepane hawa nafsune, lan yen dituruti terus hawa nafsu niku mboten wonten mareme, ora ono akhire. Tambah suwe tambah ndadi, koyo dene wongkang ngunjuk banyu segoro kang asin, tambah akeh olehe ngombe, tambah nemen ngelake. Imam Al Bushiri ing dalem kitab Al Burdah, ngaturaken syi’irane :

وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى ۞ حُبِّ الرَّضَاعِ وَاِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ
Artosipun: “Hawa nafsu iku koyo bocah cilik, lamun siro tot ake, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hiyo bakal kasapih (biso medhot banyu susu).”
Rosululloh saw dawuhake yen wongkang seneng nuruti nafsune niku durung biso sempurno imane

لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Artosipun: “Ora sampurno imane salah sawijine siro kabeh, sahinggo hawa nafsune gelem di anutake marang agomo kang ingsun (Nabi Muhammad) gawa (yakni Agami Islam).”  HR. Imam Bukhori.
Dados sanes agamine kang dianutake miturut kekarepane hawa nafsune, nanging hawa nafsune kang kedah di rem, dipekak lan dikendalikno sarto disetir dening agami Islam. Yen lampah niki pun saget ditindakaken nembe saget kawastanan iman kang sampurno.

Sidang jamaah sholat idul fitri rohimakumullah,
Saksampunipun kito ngalahaken hawa nafsu saking doso-doso ingkang wonten hubungan haqqullah, kito kedah ngatos-ngatos! bileh sakteme makhluk iblis puniko mboten seneng menawi wonten umat islam ingkang beriman doso-dosonipun dingapuro deneng Allah. Sesuai setunggaling hadits ingkang artosipun mekaten; “Saktemene iblis pas dino riyoyo idul fitri gembar-gembor, terus anak buahe iblis podo kumpul, deweke podo takon marang iblis: “hei bendoro kawulo... sinten ingkang sampun damel tuan murko? Temen kulo pecahaken deweke, bendoro Iblis jawabi: “ora ono opo-opo nanging dino riyoyo idul fitri iki Allah bener-bener wes maringi pangapuro kanggo umat islam, mulo siro kabeh tak perintah kudu nggawe wong-wong kuwi sibuk karo kesenengane, keinginan nafsu lan ngombe arak sehingga Allah duroko marang deweke”.
Sepindah maleh! kito kedah ngatos-ngatos sak estu kaliyan bujuk rayuanipun iblis, ampun ngantos kito nuruti howo nafsu ingkang awon, ingkang kito perangi selami wonten ing wulan romadlon.
Selajengipun, sumonggo kito kanton mikiraken kalepatan lan kesalahan kito ingkang wonten hubunganipun kaliyan haqqul adami haq ipun sesami menungso dhahir lan batin. Keranten Gusti Allah mboten bade paring pangapuro dateng kito menawi kito dereng nyuwun panguporo dateng sesami menungso, kados dene:
1.    Silaturrahim, Rasulullah saw ngendiko ing setunggaling hadits:

ثَلاَثٌ مَنْ كُنَّ فِيْهِ حَاسَبَهُ اللهُ حِسَابًا يَسِيْرًا وَاَدْخَلَهُ الْجَنَّةَ بِرَحْمَتِهٖ قَلُوْا وَمَا هُنَّ يَارَسُوْلَ اللهِ, قَالَ تُعْطٖى مَنْ حَرَمَكَ وَتَصِلُ مَنْ قَطَعَكَ وَتَعْفُوْا عَمَّنْ ظَلَمَكَ فَاِذَا فَعَلْتَ ذٰلِكَ تَدْخُلُ الْجَنَّةَ (رواه الحاكم عن ابى هريرة)
Artosipun: “Ono telung perkoro, kang sopo wonge biso ngelakoni telung perkoro mau, mongko wong mau bakal den hisab deneng gusti Allah kelawan hisab kang gampang, nuli den lebetake ono ing surgo kelawan rohmat Allah. lajeng poro sahabat sami matur, punopo tigang perkawis puniko ya Rosulallah? kanjeng Nabi jawab; yoiku 1. siro gelem aweh marang wongkang ora gelem aweh marang siro, 2. siro gelem silaturrahim (nepung sanak) marang wongkang ora gelem silaturrahim, 3. siro gelem paring pangapuro marang wongkang dzolim marang siro. Mongko yen siro biso ngelakoni telung perkoro mau, mongko siro tetep bakal melebu ono ing surgo”. (HR. Hakim)

مَنْ اَحَبَّ اَنْ يَبْسُطَ لَهُ فِى رِزْقِهٖ وَيُنْسَأَ لَهُ فِى اَثَرِهٖ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ (رواه البخارى)
Artosipun: “Sopo wonge kepengen den jembaraken rizqine lan den panjangaken umure mongko becik silaturrahim”. (HR. Bukhori).

اِنَّ الْبِرَّ وَالصِّلَةَ لَيُطِيْلاَنِ الْاَعْمَارَ وَيُعَمِّرَانِ الدِّيَارَ وَيُكْثِرَانِ الْاَمْوَالَ وَلَوْ كَانَ الْقَوْمُ فُجَّارًا (رواه ابن عساكر)
Artosipun: “Saktemene tumindak bagus lan nepung seduluran nyekti karo-karone dadi andawakake piro-piro umur, makmurake piro-piro deso lan dadi ngakehake rizki bondo dunyo, senajan anane kaum akeh lacute”. (HR. Ibnu Asakir)

اَسْرَعُ الْخَيْرِ ثَوَابًا اَلْخَيْرُ الْبِرُّ وَصِلَةِ الرَّحِمِ وَاَسْرَعُ الشَّرُّ عُقُوْبَةً اَلْبَغْيُ وَقَطِيْعَةُ الرَّحِمِ
Artosipun: “Amal sing paling cepet dipadosi ganjarane yoiku nglakoni amal kebecikan lan silaturrahim, lan sikso sing paling cepet ditibakno yoiku nglakoni amal kaawonan lan mutus silaturrahim”. (HR. Muslim).
2.    Sungkem dateng ngarsanipun tiyang sepah kaleh sakperlu nyuwun agunging pangapunten soho doa pangestu. Ngendika kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing kitab dhurrotun nashihin ingkang maksutipun kirang langkung mekaten: “Sopo wonge mlaku kerono sowan marang wong tuo lorone, mongko den tulis keduwe wong iku saben-saben sak jangkah satus kesaenan, lan den lebur satus keawonan (doso cilik) lan den angkat satus derajat, mongko rikolo lungguh ono ngersane wong tuo lorone lan matur sarono pematur kang sopan lan alus, mongko ingdalem dino kiamat wong iku den paringi pepadang (nur) kang mlaku ono ngarepe wong iku, lan rikolo metu saking ngarsane wong tuo lorone, mongko metu sarono wes den ngapuro dosane, lajeng menawi tiyang sepuhipun sampun sedo kersoho ziarah wonten pesarehanipun”.
3.    Musafahan (berjabat tangan) sesami muhrim kados dene jaler kaliyan jaler, istri kaliyan istri, lan angsal salaman jaler kaliyan istri kejawi mboten nimbulake fitnah. Langkung2 musafahan dateng tiyang Alim, tiyang sholih, poro kiai  ingkang sarono sopan lan ngalap barokah mawi nucup astonipun, kados ingkang kantidakaken deneng imam Said Ibnul Musayyab ingkang nucup astonipun sohabat Ibnu Abbas, lan kantidakaken sohabat Abi Ubaidah Ibnul Jarroh ingkang nucup astonipun sayidina Ali bin Abi Thalib naliko pinanggeh wonten negari Syam. (ket. ihya ulumudin).

مَا مِنْ مُسْلِمَيْنِ يَلْتَقِيَانِ فَيَتَصَافحَاَنِ اِلاَّ غُفِرَ لَهُمَا قَبْلَ اَنْ يَتَفَرَّقَا (رواه الترمذي)
Artosipun: “Ora ono tumrape wong islam loro kang podo ketemu nuli podo salaman, kejobo bakal den ngapuroni dosane sakdurunge wong loro podo pisah”. (HR. Turmudzi)
4.    Saling mema’afkan sesami islam saking sedoyo kelepatan-kelepatan ingkang sengojo/mboten, ingkang ageng/alit, ingkang ketingal/samar mawi lahir lan batin, ingkang putro nyuwun pangapunten dateng bapak/ibu, ingkang istri nyuwun pangapuro dateng suami lan ingkang santri nyuwun pangapuro dateng guru-gurunipun, wondene menawi bapak/ibune sampun pejah kito dipun suprih dongaaken  ing wekdal ba'do sholat fardlu utawi ziarah teng makamipun.
5.    Bersihaken pinten-pinten penyakit rohani/batiniyah ingkang manggen ing manah kados dene penyakit ujub, riya’, goroh, gibah, profokasi, takabur, sumpah palsu, ngolok-ngolok, su’udzon, khianat, panasten lan penyakit-penyakit manah sanesipun.

Pramilo monggo! ingdalem suasana ingkang gembira puniko kito sampurnaaken kanti ngawontenaken istihlal (اِسْتِحْلاَلْ) halal bihalal kaliyan keluargi, poro tetanggi lan poro konco ingkang supados kito saget bersih saking kalepatan-kalepatan terhadap sesami insan. Sebab tindak lampah meniko termasuk akhlaqul karimah (budi pekerti) ingkang mulyo. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun dawuh:

مَكَارِمُ اْلاَخْلَاقِ مِنْ اَعْمَالِ الْجَنَّةِ (رواه الطبرانى)
Artosipun: “Wong sing duweni akhlaq apik niku termasuk ciri-ciri perbuatane ahli surgo”.  (HR. Thabrani)

Mugi-mugi kito sedoyo angsal taufiq lan hidayah saking Allah swt supados saget nglampahi dinten ingkang penuh berkah lan mugi-mugi kito dipun paringi kesempatan dening Allah swt saget manggihi dinten riyoyo tahun ngajeng kanti kondisi sehat wal afiat lan temtune wonten kondisi ingkang langkung sae tinimbang dinten meniko. Amin ya robbal Amin.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ الْمُوَحِّدِيْنِ, اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, قَدْ اَفْلَحَ مَنْ زَكّٰهَا, ؤَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا, اَللّٰهُ اَڪْبَرُ ×3 لآ اِلٰهَ اِلاَّ اللّٰهُ وَاللّٰهُ اَڪْبَرُ, اَللّٰهُ اَڪْبَرُ, وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ, وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.[]


(ابو نوفل احمد الحلمى)

Tidak ada komentar :